139
(oleh: Ikke Nailul Afifah)
Nalika dalan ora kebak polusi
Nalika bengawan resik lan asri
Mung rasa ayem anyumambrahi
Kang ngambah jeroning ati
Nanging saiki
Ora ana sumambrah ing ati
Mung sumpek ing ati
Ningali kahanan saiki
Nalika mangsa rendheng
Kutho dadi kelem
Bisa uga bakal dadi segara
Wabah penyakit pada teka
Nalika mangsa ketiga
Panase mepe manungsa
Tanduran pada ngapuranta
Merga ora di uri-uri lan direksa
Yen ngono kuwi salahe sapa?
Apa sira kabeh wis rumangsa?
Sejatine lingkungan iku titipan
Kanggo putra wayah kita
Prayogane kedah di uri-uri
Kita kedah ndandani
Hingga dadi alam sejati
Elok, resik, lan suci